Kamis, 06 Oktober 2011

ELING

Para mudha.......
Eling marang agama
Agama kang dadi ageming aji
Agama kang dadi gegamaning ati

Para mudha ......
Eling marang wong tuwo
Aja nganti tumindak durhaka
Mengko tumindak mlebu neraka

Para mudha.....
Eling marang bangsa lan negara
Aja mung padha suka-suka
gawe maksiat serta dosa
nganti lali nerak marang angger-angger ing agama

Elinga....
Urip iku mung sepisan
Aja nganti congkrah marang liyan
Kareben tentrem urip bebrayan

0 komentar:

Posting Komentar